ngene loh sing dimaksud GEGURITAN yaiku karya sastra jowo utawa tegese puisi basa Jawa. ngoten niku penjelasan ing brainly
struktur geguritan wonten kaleh
struktur geguritan yaiku struktur fisik lan struktur batin. niki penjelasane1.Struktur fisik:
a. Diksi. Yaiku pamilihing tembung, tembung inggeguritan biasane nduweni teges konotatif
b. Majas (lelawaning basa). Yaiku tembung kang digunakake kanggo nyeritakake sawijining
bab kanthi cara mbandingake karo bab liane.
c. Purwakanthi (Rima). Yaiku mbaleni swara,
tembung, frasa, utawa ukara kanggo nyiptakake kaendahan ing sawijining
geguritan
d.Tipografi. Yaiku gatraning geguritan kang
tinulis mawa pada ing sawijiing geguritan.
2. Struktur batin:
a. Bakuning gagasan (tema). Yaiku punjeraning babkang ndadekake geguritan kuwi.
b.Pangrasane penyair. Yaiku tembung-tembung ing sajroning geguritan kang nduwe teges kanggo manjilmakake rasa.
c. Nada/sikap penyair marang pamaos. Yaiku patrap ing sajroning geguritan. Tuladha: nuturi, muji, nyemoni, dll
d.Amanat. Yaiku pesen kang pengen diwedharake penyair marang pamaos.
e. Suasana. Yaiku kahanan batin sawise maca
geguritan kang dirasakake pamaos.
Ciri geguritan
ciri ciri geguritan yaiku- nggawe tembung-tembung kang apik lan pilihan
- cacahe guru gatra, guru wilangan lan guru lagu ora ditentokake utawa ora kaiket
- sajake bebas
- isine apik, lan becik
- isine sindiran, kritik, pitutur, piweling, pamundhut, lan sapanunggale
- kadang nggunakne basa purwakanthi, swara, lan sastra
- arang nggawe tembung sing pangiket
- kadang nggawe tembung kawi
ngoten niku ciri-cirin geguritan sing afdol. sakniki ganti teng unsure njeh
unsur geguritan
unsur ing geguritan yaikuTema
Bahasa kang endah
Judul Geguritan
Diksi
Citra
Purwakanthi
Amanat kang ono ing jero ne geguritan
terus menawi wonten tugas sebutna perangane geguritan, jawabane ngeten niki
1. Tema
2. Citraan
3. Diksi
4. Gaya Bahasa
5. Latar
lanjut menawi wonten pertanyaan modulasi ing geguritan yaiku, jawabannya
pengertian Modulasi ing geguritan yaiku cara kang dilakokake kanggo ngowahi swara nalika maca geguritan, kaya dene ngowahi swara sedhih marang ngguyu.
contoh geguritan
niki wonten contoh geguritan anyarAku nresnani kanthi prasaja
Pindha ukara kang nora kaucapke dening kayu
Marang geni kang ndadeake awu
Aku nresnani kanthi prasaja
contoh geguritan liyane yaiku saget di-klik teng mriki
ngoten ngehh...
menawi lombaapasaja gadhah lepat, lombaapasaja nyuwun pangapunten
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Silahkan komentari info ini. Atau ada pertanyaan?